Senin, 19 Juni 2017

Rasa ing Dalu

Wonten ing tengahing dalu.
Angin sumilir,  atis kerahos wonten ing sikil kang kangge lumaku.

Wonten ing tengahing dalu.
Suara jangkrik padha saut-sinaut,
Dadosake musik kang alami.

Tanpa senar,  tanpa gitar
Tanpa balungan,  tanpa kenong
Tanpa piano,  ugi tanpa bass.

Gusti, menika lah sejatining jagad.
Kang kerasa tenang,
Ugi saged dadosake mesra antaraning kawula lan Gusti.